MAKALAH BAHASA
JAWA
Puputan
Dipun susun dening :
1. Adhi Setyaningrum (XI IPA 4/01)
2. Ardiansari Resti Utami (XI IPA 4/05)
3. Ary Hidayat (XI IPA 4/06)
4. Khanifatur Rochmah (XI IPA 4/12)
SMA NEGERI 1 KEBUMEN
TAHUN AJARAN 2012/2013
ATUR SAPA
PUPUTAN (pupak puser) aja kleru karo Puputan
(perang). Puputan
utawa pupak puser, iku sejatine
nduwe makna tali puser bayi puput.
Dadi upacara iki dianakake wektu utawa bubar pupute tali puser saka udhel bayi. Anggenipun pupak puser, kinten-kinten 5
utawi 7 dina sawise bayi iku lahir. Biasane ana acara slametan ing upacara puputan iki, acarane yaiku kendhuren,
bancakan lan aweh jeneng
bayi. Upacara iki apik yen diselenggaraake bubar wektu maghrib.
DAFTAR ISI
Sampul.........................................
Atur sapa......................................1
Daftar isi.....................................2
Andharan.......................................3
Panutup........................................9
Lampiran.......................................10
ANDHARAN
A.
MAKNA PUPUTAN
Puputan nggih menika salah
setunggalipun acara adat jawi kang sampun wonten gegayutan kaliyan adat agama.
Puputan saking tembung ”pupak puser”. Dipunsebat pupak puser amargi bayi
ingkang sampun pupak ari-arinipun,sahengga wonten upile. Menawi dereng pupak
piyambak menika sanes pupak puser. Wonten ing sasampunipun pupak puser ing
dinten kaping gangsal saking babaripun bayi. Ingkang enggal piyambak wonten ing
dinten kaping tiga.
Nindakaken puputan menika kangge
panyuwunan keslametanipun bayi, maringi asma lan liya-liyane ingkang
dipunselarasaken kaliyan agami Islam kadosta ngawontenaken tasyakuran utawi
sukuran wonten ing dinten kaping pitu jumbuh kaliyan tatanan kelairan Nabi
Muhammad SAW.
Tujuanipun
puputan yaiku nyuwun keslamatan kangge bayi ingkang nembe lahir punika. Puputan
bayi digolongke dadi 2, yaiku:
1. Golongan bangsawan/kerajaan: Sega gudanga,
jenang abang putih, 5 werna bubur, lan jajan pasar.
2. Golongan rakyat biasa: Sega jangan, jenang
abang putih, jenang boro-boro, lan jajan pasar.Upacara puputan dirawuhi dening bayi, ibu, dukun,
pinisepuh, lan sanak saudara.
Panggenan
ingkang dipun ngawontenaken puputan wonten ing dalemipun jabang bayi, nanging
menawi wonten ing pundi mawon saged. Ngawontenaken puputan nggih menika
lingganipun sepasaran utawi lima dinten utawi rangkeping dinten(manis, pahing,
pon, wage, kliwon). Menawi ingkang sampun kadhaupan kaliyan agami Islam,
puputan dipunkawontenaken wonten ing dinten kaping 7, nanging utawi mboten
saged wonten ing dinten menika saged wonten ing dinten kelipatan 7, jumbuh
kaliyan ketentuan adat.
Tata
cara nindakaken puputan dipunwiwiti kaliyan dinten babaran, umpami babaran
dinten senen,puputan dipunkawontenaken dinten senen mbajeng. Menawi
saderengipun dinten kaping pitu ngawontenaken walimahan kangge nolak bala.
Salajengipun dipunwaosaken kitab Al
Parjanji lan sholawat nabi. Sadangunipun waos kitab punika, bayinipun
diubengaken nganthi kaping pitu kanthi pangarep supados dados putra ingkang
soleh/solehah ingkang migunani kagem Negara,bangsa,lan agami. Salajengipun
dipunpethet(dipuncukur) ngangge gunting ingkang dipunkungkum ing toya kaliyan
godhong tawa(dadap srep). Tiyang ingkang gunting rambutipun bayi jumlahipun
wonten pitu(7 tiyang sepah/tokoh masyarakat secara gantosan).
B.
UBARAMPE
Ubarampe
kangge nyuguhaken tamu wonten beras kaliyan lauk pauk. Menawi kangge acara
puputan piyambak wonten kembang,godhong tawa, bubur abang lan putih, toya,
gunting.
1.
Kembang
Kembang
menika kangge mbuwang bau-bau ingkang mboten sedap kado kringet.
Toya lan Godhong Tawa
Toya bening kangge kanthi penggalih
ingkang bening,panyuwunan dhumateng Gusti Allah Ta’ala. Menawi godhong
tawa(godhong dadap srep) saking tembung “tawa=tawar”,kangge nawar sedaya
penyakit utawa dibebasaken saking sedaya penyakit.
3.
Gunting
Gunting
menika kangge nyukur kremanipun bayi.
4.
Bubur Abang
Bubur abang
saking abangipun gula jawi nggih menika sarining bumi (asli) tanpa zat-zat
kimia kangge memanisan mugi-mugi putra kasebut diparingana akal, wilujeng
jasmani lan rohani.
5.
Bubur Putih
Menawi bubur
putih gadah tujuan ingjkang suci supados putra ingkang anggadahi akhlakul
karimah( akhlak terpuji).
6.
Lenga Wangi
Lenga wangi kangge nyemprot para rawuh
amargi Nabi Muhammad remen kaliyan wewangian sahengga nuladha punapa ingkang
dipunremeni utawi tindak tandukipun kanjeng nabi Saw.
PANUTUP
1. KESIMPULAN
Saking
wawanrembug ingkang sampun dipunkawontenaken, kita saged nyimpulaken menawi
puputan inggih punika adat jawi ingkang sampun turun temurun saking leluhur
dumugi saniki. Ananging, sapunika puputan mboten asli adat jawi nanging sampun
owah kaliyan kabudayan Islam.
Puputan inggih punika saking tembung
pupak puser ingkang gadhahi tujuan nyuwun keslamatan kangge bayi ingkang nembe lahir punika. Ing sajroning
puputan kedah wonten ubarampe kang gadhah fungsi-fungsi piyambak, kadosta :
1.
bubur abang
kangge ajining raga utawi supados gadhahi akal ingkang sehat
2.
bubur putih
kangge ajining jiwa utawi rohani.
3.
gunting
kangge nyukur rambut bayi ingkang badhe dipunpethet
4.
kembang
kangge aroma wangi bayi supados aroma kringet ingkang mboten asrep saged ical
5.
toya kangge
nyelehaken rambut bayi ingkang sampun dipuncukur
6.
godhong
tawa/dhadap srep kangge nawar sedaya penyakit ingkang wonten ing badanipun bayi
utawa sedaya penyakit ingkang saged nular ing bayi punika
7.
lenga wangi
kangge perwujudan menawi Nabi Muhammad SAW punika remen kaliyan wewangian.
2.
KRITIK LAN SARAN
LAMPIRAN
1. Biografi Narasumber
Bapak Muhammad Khaironi asli saking dusun Sidomoro
kecamatan Buluspesantren inggih punika pensiunan Kementrian Agami kecamatan
Buluspesantren. Bapak Khaironi kagungan 1 garwa lan 4 putra. Ingkang wonten 2
lan ingkang estri wonten 2. Bapak Khaironi punika yaikutokoh masyarakat ingkang
mangertos babagan kebudayan Jawi lan agami Islam.
2. Daftar Pitakenan
Daftar pitakenan ingkang sampun disusun :
1.
Punapa ingkang dipun sebat puputan ?
2.
Supados punapa nindhaaken puputan punika ?
3.
Wonten pundi panggenan lan kapan
wekdal ingkang sae menawi
ngawontenaken puputan punika?
4.
Kados pundi tatacara nindakaken
puputan punika?
5.
Punapa mawon ubarampe ingkang
dipunkawontenaken? lan
kagem punapa mawon ubaramen punika?
6.
Kagem punapa mawon kembang, toya,
godhong tawa, gunting
punika?
7.
Salajengipun kagem punapa bubur abang
lan bubur putih punika?
8.
Menawi lenga wangi punika kagem
punapa?
3. Teks Wawanrembug
Resti : “Sugeng sonten pak dhe……”
Pakdhe Khaironi : “Sugeng sonten dek………”
Resti : “Kula badhe nyuwun wekdal panjenengan kagem
wawanrembug
punika saged, Pak?”
Pakdhe Khaironi : “Oh… ngono,saged. Mangga…”
Resti : “Kula badhe nyuwun pirsa babagan puputan.
Punapa
ingkang
dipunsebat puputan?”
Pakdhe Khaironi : “Puputan nggih menika
salah setunggalipun acara adat
jawi
kang sampun wonten gegayutan kaliyan adat agama.
Puputan
saking tembung ”pupak puser”. Dipunsebat
pupak
puser amargibayi ingkang sampun pupak
ari-arinipun,sahengga
wonten upile. Menawi dereng pupak
piyambak
menika sanes pupak puser. Wonten ing
sasampunipun
pupak puser ing dinten kaping gangsal
saking
babaripun bayi. Ingkang enggal piyambak wonten
ing
dinten kaping tiga.”
Resti :
“Supados punapa nindakaken puputan
punika?”
Pakdhe Khaironi : “Nindakaken puputan menika
kangge panyuwunan
keslametanipun
bayi, maringi asma lan liya-liyane ingkang
dipunselarasaken
kaliyan agami Islam kadosta
ngawontenaken
tasyakuran utawi sukuran wonten ing
dinten
kaping pitu jumbuh kaliyan tatanan kelairan Nabi
Muhammad
Saw.”
Resti : “Wonten pundi panggenan lan kapan wekdal
ingkang sae
menawi
ngawontenaken puputan punika?”
Pakdhe Khaironi : “Panggenan ingkang dipun
ngawontenaken puputan
wonten
ing dalemipun jabang bayi, nanging menawi
wonten
ing pundi mawon saged. Ngawontenaken puputan
nggih
menika lingganipun sepasaran utawi lima dinten
utawi
rangkeping dinten(manis, pahing, pon, wage,
kliwon).
Menawi ingkang sampun kadhaupan kaliyan agami
Islam,
puputan dipunkawontenaken wonten ing dinten
kaping
7, nanging utawi mboten saged wonten ing dinten
menika
saged wonten ing dinten kelipatan 7, jumbuh
kaliyan
ketentuan adat.”
Resti : “Kados pundi tatacara nindakaken puputan
punika?”
Pakdhe Khaironi : “Tata cara nindakaken puputan
dipunwiwiti kaliyan dinten
babaran,
umpami babaran dinten senen,puputan
dipunkawontenaken
dinten senen mbajeng. Menawi
saderengipun
dinten kaping pitu ngawontenaken
walimahan
kangge nolak bala. Salajengipun
dipunwaosaken
kitab Al Parjanji lan sholawat nabi.
Sadangunipun
waos kitab punika, bayinipun diubengaken
nganthi
kaping pitu kanthi pangarep supados dados putra
ingkang
soleh/solehah ingkang migunani kagem
Negara,bangsa,lan
agami. Salajengipun
dipunpethet(dipuncukur)
ngangge gunting ingkang
dipunkungkum
ing toya kaliyan godhong tawa(dadap srep).
Tiyang
ingkang gunting rambutipun bayi jumlahipun
wonten
pitu(7 tiyang sepah/tokoh masyarakat secara
gantosan).”
Resti : “Punapa mawon ubarampe ingkang
dipunkawontenaken?
lan
kagem punapa mawon ubaramen punika?”
Pakdhe Khaironi : “Ubarampe kangge nyuguhaken
tamu wonten beras kaliyan
lauk
pauk. Menawi kangge acara puputan piyambak
wonten
kembang,godhong tawa, bubur abang lan putih,
toya,
gunting.”
Resti : “Kagem punapa mawon kembang, toya, godhong
tawa,
gunting
punika?”
Pakdhe Khaironi : “Kembang menika kangge
mbuwang bau-bau ingkang
mboten
sedap kado kringet. Toya bening kangge kanthi
penggalih
ingkang bening,panyuwunan dhumateng Gusti
Allah
Ta’ala. Menawi godhong tawa(godhong dadap srep)
saking
tembung “tawa=tawar”,kangge nawar sedaya
penyakit
utawa dibebasaken saking sedaya penyakit.
Gunting
menika kangge nyukur rambut bayi.”
Resti : “Salajengipun kagem punapa bubur abang lan
bubur putih
punika?”
Pakdhe Khaironi : “Bubur abang saking abangipun
gula jawi nggih menika
sarining
bumi (asli) tanpa zat-zat kimia kangge memanisan
mugi-mugi
putra kasebut diparingana akal, wilujeng
jasmani
lan rohani. Menawi bubur putih gadah tujuan
ingkang
suci supados putra ingkang anggadahi akhlakul
karimah(
akhlak terpuji).”
Resti : “Menawi lenga wangi punika kagem punapa?”
Pakdhe Khaironi : “Amargi Nabi Muhammad
remen kaliyan wewangian
sahengga
nuladha punapa ingkang dipunremeni utawi
tindak
tandukipun kanjeng nabi Saw.”
Resti :
“Alhamdulillah, cekap semanten punapa ingkang kita suwun pirsa. Matur nuwun kangge informasi ingkang
sampun dipunterangaken. Mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur utawa
tindak-tanduk kula sakanca ingkang kirang mranani penggalih, kula nyuwun
samudera pangaksami”.
Pakdhe Khaironi : “nggih sami-sami…”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar