Sabtu, 24 November 2012

PIDATO HALAL BIHALAL PERWAKILAN GURU


       Assalammu’alaikum waraahmatullahi wabaraakatuh,
Katur dhumateng Bapak Kepala sekolah SMA N 1 Kebumen,ingkang  tansah sinudarsana
Ingkang pantes pikantuk sekaring panembrama Bapak K.H Hamam Nasiruddin saking Banyumas,
Bapak/ibu guru kalihan karyawan ingkang tansah lumeber ing suka sekaning karaharjan,
Para tamu undangan ingkang kula hormati,
Ingkang bagya mulya sedaya siswa/siswi SMA N 1 Kebumen,
Sumangga kita sesarengan ngaturken raos puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT. Awit saking rahmat lan hidayahipun ingkang kaparingaken dhumateng kita, sahengga kita sedaya saged makempal manunggal wonten ing menika menika SMA N 1 Kebumen mriki, ingkang sami2 hanggadahi tujuan mengeti adicara HALAL BI HALAL ing enjang punika kanti sehat wal afiyat.
Mugi2 shalawat saha salam tansah konjuk dhumateng panjenenganipun Junjungan Kita Nabi Agung Muhammad Saw. Ingkang sampun mbetoh kita saking alam jahiliyah utawi zaman kegelapan dumateng zaman ingkang terang benderang nggih punika agama Islam.
Kula ngaturaken agunging panuwun dumateng para rawuh ingkang sampun kepareng anglonggaraken wekdal sakperlu ngrawuhi wonten ing adicara HALAL BIHALAL ing enjang punika.

Para rawuh ingkang kula hormati,
Wonten ing wekdal menika kita sampun manggihi wulan syawal malih. Kranten wonten ing wulan sakderengipun yakni wonten ing wulan Romadhon kita sampun sukses nindakaken ibadah puasa kanthi lancar. Kanti ningkataken amalan-amalan ibadah lintunipun kados dene sholat tarowih, tadarus Al-Qur’an lan sanesipun. Lan ugi wonten pungkasan wulan Romadhon kita tutup mawi Zakat Fitrah kanti panyuwun mugi-mugia menapa ingkang kita laksanakaken wonten ing wulan Romadhon kala wau minangka dados amal ingkah sholeh. Ingkang mbuahaken amalan-amalan ingkang sahe wonten wulan-wulan salajengipun, sehinggo saget ndadosaken fitrah utawi lambang kesucian, wonten ing manah kito sedoyo.
Sasampunipun kita nindakaken ibadah siyam sewulan muput, kesabaran kita sampun dipunuji dening Allah SWT, mugi-mugi kanthi ujian menika kita saged ningkataken taqwa kita dhumateng Alah SWT.  
Kita ugi ngrumaosi bilih sesambetan kita sedaya sadangunipun setahun tamtu kemawon kathah kalepatan-kalepatan. Awit saking menika wonten ing acara menika kita sami nglebur dosa lan kalepatan kita sedaya, sahingga kita wangsul suci malih kados dene bayi ingkang nembe lahir.

Para rawuh ingkangdipun rahmati Allah SWT,         
            Ing wekdal punika kahananipun taksih wonten ing saklebeting wulan syawal, mila kula ingkang amakili para guru SMA N 1 Kebumen nglajengaken atur, mbok bilih kula saha para guru kathah kalepatan lan kekirangan ing dalem  upiwulangan utawi ing dalem pasrawungan ing sadinten dinten,langkung prayogi menawi kula hangaturaken sugeng dinten riyaya fitri 133 H Minal Aidzin wal faizin taqaballahu minna wa minkum, sadherekipun kula anampi panyuwunanipun pangapunten para siswa. Mugi-mugi Gusti Allah kepareng anampi amal ibadah punika, Amin….           

Para rawuh ingkang kula hormati,
Mbok menawi namung dumugi semanten, punapa ingkang saged kula aturaken, dene kula ingkang pinangka wakil para guru mawantu-wantu tansah nyuwun agunging samodra pangaksami mbok menawi wonten tindak-tanduk kula saha ceweting atur kula ingkang kirang mranani penggalih. Pitungkasing atur….. wabillahi taufiq wal hidayah….
Wassalammu’alaikum waraahmatullahi wabarakaatuh....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar