Sabtu, 24 November 2012

wawanrembug babagan Puputan


MAKALAH BAHASA JAWA
Puputan


Dipun susun dening :
1.   Adhi Setyaningrum (XI IPA 4/01)
2.   Ardiansari Resti Utami (XI IPA 4/05)
3.   Ary Hidayat (XI IPA 4/06)
4.   Khanifatur Rochmah (XI IPA 4/12)


SMA NEGERI 1 KEBUMEN
TAHUN AJARAN 2012/2013

ATUR SAPA
PUPUTAN (pupak puser) aja kleru karo Puputan (perang). Puputan utawa pupak puser, iku sejatine nduwe makna tali puser bayi puput. Dadi upacara iki dianakake wektu utawa bubar pupute tali puser saka udhel bayi. Anggenipun pupak puser, kinten-kinten 5 utawi 7 dina sawise bayi iku lahir. Biasane ana acara slametan ing upacara puputan iki, acarane yaiku kendhuren, bancakan lan aweh jeneng bayi. Upacara iki apik yen diselenggaraake bubar wektu maghrib.











 
DAFTAR ISI

Sampul.........................................
Atur sapa......................................1
Daftar isi.....................................2
Andharan.......................................3
Panutup........................................9
Lampiran.......................................10















ANDHARAN

A.   MAKNA PUPUTAN
Puputan nggih menika salah setunggalipun acara adat jawi kang sampun wonten gegayutan kaliyan adat agama. Puputan saking tembung ”pupak puser”. Dipunsebat pupak puser amargi bayi ingkang sampun pupak ari-arinipun,sahengga wonten upile. Menawi dereng pupak piyambak menika sanes pupak puser. Wonten ing sasampunipun pupak puser ing dinten kaping gangsal saking babaripun bayi. Ingkang enggal piyambak wonten ing dinten kaping tiga.
Nindakaken puputan menika kangge panyuwunan keslametanipun bayi, maringi asma lan liya-liyane ingkang dipunselarasaken kaliyan agami Islam kadosta ngawontenaken tasyakuran utawi sukuran wonten ing dinten kaping pitu jumbuh kaliyan tatanan kelairan Nabi Muhammad SAW.
Tujuanipun puputan yaiku nyuwun keslamatan kangge bayi ingkang nembe lahir punika. Puputan bayi digolongke dadi 2, yaiku:
 1. Golongan bangsawan/kerajaan: Sega gudanga, jenang abang putih, 5 werna bubur, lan jajan pasar.
 2. Golongan rakyat biasa: Sega jangan, jenang abang putih, jenang boro-boro, lan jajan pasar.Upacara puputan dirawuhi dening bayi, ibu, dukun, pinisepuh, lan sanak saudara.
Panggenan ingkang dipun ngawontenaken puputan wonten ing dalemipun jabang bayi, nanging menawi wonten ing pundi mawon saged. Ngawontenaken puputan nggih menika lingganipun sepasaran utawi lima dinten utawi rangkeping dinten(manis, pahing, pon, wage, kliwon). Menawi ingkang sampun kadhaupan kaliyan agami Islam, puputan dipunkawontenaken wonten ing dinten kaping 7, nanging utawi mboten saged wonten ing dinten menika saged wonten ing dinten kelipatan 7, jumbuh kaliyan ketentuan adat.         
Tata cara nindakaken puputan dipunwiwiti kaliyan dinten babaran, umpami babaran dinten senen,puputan dipunkawontenaken dinten senen mbajeng. Menawi saderengipun dinten kaping pitu ngawontenaken walimahan kangge nolak bala. Salajengipun  dipunwaosaken kitab Al Parjanji lan sholawat nabi. Sadangunipun waos kitab punika, bayinipun diubengaken nganthi kaping pitu kanthi pangarep supados dados putra ingkang soleh/solehah ingkang migunani kagem Negara,bangsa,lan agami. Salajengipun dipunpethet(dipuncukur) ngangge gunting ingkang dipunkungkum ing toya kaliyan godhong tawa(dadap srep). Tiyang ingkang gunting rambutipun bayi jumlahipun wonten pitu(7 tiyang sepah/tokoh masyarakat secara gantosan).
B.   UBARAMPE
Ubarampe kangge nyuguhaken tamu wonten beras kaliyan lauk pauk. Menawi kangge acara puputan piyambak wonten kembang,godhong tawa, bubur abang lan putih, toya, gunting.

1.     Kembang

Kembang menika kangge mbuwang bau-bau ingkang mboten sedap kado kringet. 
     Toya lan Godhong Tawa

Toya bening kangge kanthi penggalih ingkang bening,panyuwunan dhumateng Gusti Allah Ta’ala. Menawi godhong tawa(godhong dadap srep) saking tembung “tawa=tawar”,kangge nawar sedaya penyakit utawa dibebasaken saking sedaya penyakit.

3.   Gunting
Gunting menika kangge nyukur kremanipun bayi.
4.   Bubur Abang
Bubur abang saking abangipun gula jawi nggih menika sarining bumi (asli) tanpa zat-zat kimia kangge memanisan mugi-mugi putra kasebut diparingana akal, wilujeng jasmani lan rohani.

5.        Bubur Putih
Menawi bubur putih gadah tujuan ingjkang suci supados putra ingkang anggadahi akhlakul karimah( akhlak terpuji).
6.   Lenga Wangi
Lenga wangi kangge nyemprot para rawuh amargi Nabi Muhammad remen kaliyan wewangian sahengga nuladha punapa ingkang dipunremeni utawi tindak tandukipun kanjeng nabi Saw.













PANUTUP

1. KESIMPULAN
Saking wawanrembug ingkang sampun dipunkawontenaken, kita saged nyimpulaken menawi puputan inggih punika adat jawi ingkang sampun turun temurun saking leluhur dumugi saniki. Ananging, sapunika puputan mboten asli adat jawi nanging sampun owah kaliyan kabudayan Islam.
Puputan inggih punika saking tembung pupak puser ingkang gadhahi tujuan nyuwun keslamatan kangge bayi ingkang nembe lahir punika. Ing sajroning puputan kedah wonten ubarampe kang gadhah fungsi-fungsi piyambak, kadosta          :
1.   bubur abang kangge ajining raga utawi supados gadhahi akal ingkang sehat
2.   bubur putih kangge ajining jiwa utawi rohani.
3.   gunting kangge nyukur rambut bayi ingkang badhe dipunpethet
4.   kembang kangge aroma wangi bayi supados aroma kringet ingkang mboten asrep saged ical
5.   toya kangge nyelehaken rambut bayi ingkang sampun dipuncukur
6.   godhong tawa/dhadap srep kangge nawar sedaya penyakit ingkang wonten ing badanipun bayi utawa sedaya penyakit ingkang saged nular ing bayi punika
7.   lenga wangi kangge perwujudan menawi Nabi Muhammad SAW punika remen kaliyan wewangian.

2.   KRITIK LAN SARAN










LAMPIRAN

1. Biografi Narasumber
Bapak Muhammad Khaironi asli saking dusun Sidomoro kecamatan Buluspesantren inggih punika pensiunan Kementrian Agami kecamatan Buluspesantren. Bapak Khaironi kagungan 1 garwa lan 4 putra. Ingkang wonten 2 lan ingkang estri wonten 2. Bapak Khaironi punika yaikutokoh masyarakat ingkang mangertos babagan kebudayan Jawi lan agami Islam.

2. Daftar Pitakenan
Daftar pitakenan ingkang sampun disusun :
1.   Punapa ingkang dipun sebat puputan ?
2.   Supados punapa nindhaaken puputan punika ?
3.   Wonten pundi panggenan lan kapan wekdal ingkang sae menawi ngawontenaken puputan punika?
4.   Kados pundi tatacara nindakaken puputan punika?
5.   Punapa mawon ubarampe ingkang dipunkawontenaken? lan kagem punapa mawon ubaramen punika?
6.   Kagem punapa mawon kembang, toya, godhong tawa, gunting punika?
7.   Salajengipun kagem punapa bubur abang lan bubur putih punika?
8.   Menawi lenga wangi punika kagem punapa?

3. Teks Wawanrembug
Resti                     :  “Sugeng sonten pak dhe……”
Pakdhe Khaironi    :  “Sugeng sonten dek………”
Resti                     :  “Kula badhe nyuwun wekdal panjenengan kagem
                                wawanrembug punika saged, Pak?”
Pakdhe Khaironi    :  “Oh… ngono,saged. Mangga…”
Resti                     :  “Kula badhe nyuwun pirsa babagan puputan. Punapa
                                ingkang dipunsebat puputan?”
Pakdhe Khaironi    :  “Puputan nggih menika salah setunggalipun acara adat
                                jawi kang sampun wonten gegayutan kaliyan adat agama.
                                Puputan saking tembung ”pupak puser”. Dipunsebat
                                pupak puser amargibayi ingkang sampun pupak
                                ari-arinipun,sahengga wonten upile. Menawi dereng pupak
                                piyambak menika sanes pupak puser. Wonten ing
                                sasampunipun pupak puser ing dinten kaping gangsal
                                saking babaripun bayi. Ingkang enggal piyambak wonten
                                ing dinten kaping tiga.”
Resti                     : “Supados punapa nindakaken puputan punika?”
Pakdhe Khaironi    :  “Nindakaken puputan menika kangge panyuwunan
                                keslametanipun bayi, maringi asma lan liya-liyane ingkang
                                dipunselarasaken kaliyan agami Islam kadosta
                                ngawontenaken tasyakuran utawi sukuran wonten ing
                                dinten kaping pitu jumbuh kaliyan tatanan kelairan Nabi
                                Muhammad Saw.”
Resti                     :  “Wonten pundi panggenan lan kapan wekdal ingkang sae
                                menawi ngawontenaken puputan punika?”
Pakdhe Khaironi    :  “Panggenan ingkang dipun ngawontenaken puputan
                                wonten ing dalemipun jabang bayi, nanging menawi
                                wonten ing pundi mawon saged. Ngawontenaken puputan
                                nggih menika lingganipun sepasaran utawi lima dinten
                                utawi rangkeping dinten(manis, pahing, pon, wage,
                                kliwon). Menawi ingkang sampun kadhaupan kaliyan agami
                                Islam, puputan dipunkawontenaken wonten ing dinten
                                kaping 7, nanging utawi mboten saged wonten ing dinten
                                menika saged wonten ing dinten kelipatan 7, jumbuh
                                kaliyan ketentuan adat.”
Resti                     :  “Kados pundi tatacara nindakaken puputan punika?”
Pakdhe Khaironi    :  “Tata cara nindakaken puputan dipunwiwiti kaliyan dinten
                                babaran, umpami babaran dinten senen,puputan
                                dipunkawontenaken dinten senen mbajeng. Menawi
                                saderengipun dinten kaping pitu ngawontenaken
                                walimahan kangge nolak bala. Salajengipun
                                dipunwaosaken kitab Al Parjanji lan sholawat nabi.
                                Sadangunipun waos kitab punika, bayinipun diubengaken
                                nganthi kaping pitu kanthi pangarep supados dados putra
                                ingkang soleh/solehah ingkang migunani kagem
                                Negara,bangsa,lan agami. Salajengipun
                                dipunpethet(dipuncukur) ngangge gunting ingkang
                                dipunkungkum ing toya kaliyan godhong tawa(dadap srep).
                                Tiyang ingkang gunting rambutipun bayi jumlahipun
                                wonten pitu(7 tiyang sepah/tokoh masyarakat secara
                                gantosan).”
Resti                     :  “Punapa mawon ubarampe ingkang dipunkawontenaken?
                                lan kagem punapa mawon ubaramen punika?”
Pakdhe Khaironi    :  “Ubarampe kangge nyuguhaken tamu wonten beras kaliyan
                                lauk pauk. Menawi kangge acara puputan piyambak
                                wonten kembang,godhong tawa, bubur abang lan putih,
                                toya, gunting.”
Resti                     :  “Kagem punapa mawon kembang, toya, godhong tawa,
                                gunting punika?”
Pakdhe Khaironi    :  “Kembang menika kangge mbuwang bau-bau ingkang
                                mboten sedap kado kringet. Toya bening kangge kanthi
                                penggalih ingkang bening,panyuwunan dhumateng Gusti
                                Allah Ta’ala. Menawi godhong tawa(godhong dadap srep)
                                saking tembung “tawa=tawar”,kangge nawar sedaya
                                penyakit utawa dibebasaken saking sedaya penyakit.
                                Gunting menika kangge nyukur rambut bayi.”
Resti                     :  “Salajengipun kagem punapa bubur abang lan bubur putih
                                punika?”
Pakdhe Khaironi    :  “Bubur abang saking abangipun gula jawi nggih menika
                                sarining bumi (asli) tanpa zat-zat kimia kangge memanisan
                                mugi-mugi putra kasebut diparingana akal, wilujeng
                                jasmani lan rohani. Menawi bubur putih gadah tujuan
                                ingkang suci supados putra ingkang anggadahi akhlakul
                                karimah( akhlak terpuji).”
Resti                     :  “Menawi lenga wangi punika kagem punapa?”
Pakdhe Khaironi    :  “Amargi Nabi Muhammad remen kaliyan wewangian
                                sahengga nuladha punapa ingkang dipunremeni utawi
                                tindak tandukipun kanjeng nabi Saw.”
Resti                     : “Alhamdulillah, cekap semanten punapa ingkang kita suwun   pirsa. Matur nuwun kangge informasi ingkang sampun dipunterangaken. Mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur utawa tindak-tanduk kula sakanca ingkang kirang mranani penggalih, kula nyuwun samudera pangaksami”.
Pakdhe Khaironi    : “nggih sami-sami…”.















2.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar